Cerita Banyumasan: Sirun karo Bapane

- Sabtu, 14 Januari 2023 | 07:34 WIB

"RUN, kae ayam patung criyak, wedhus padha gemberan magre deempani, " Kaki Dangek nyeluk anake sing jeneng Sirun sing lagi turonan neng lincak. 

Ningen Sirun kayong babar blas ora krungu. Dheweke lagi udhet menthelengi HP

"Run! " celuk bapane mindhoni. 

Tapinen sing jeneng Sirun jian mbudheg. 

"Run deprentah wong tuwa koh ora detandangi, " Kaki Dangek menyat. Latu tegesan lintingane padha ambrol gigal meng lemah. 

Baca Juga: Resti Julianti, Mantri BRI yang Gigih Kenalkan Inklusi Keuangan di Perbatasan Riau Jambi

Kaki Dangek mburu Sirun. Ningen Sirun esih uthal uthel cengar cengir dhewek mandeng HP. Krasa bapane wis neng pereke, dheweke semaur. 

 "gari rika se ngapa pak aja prentah prentah bae, nyong mbok lagi dolanan HP lah, ".

" Dasar bocah gemblung. Deprentah wong tuwa malah prentah, "
"Bapane bae sing ora deleng ngerti inyong agi HP an prentahih bae, "

" Ngonoh wareg mangan HP. Jel. Leg. Untal sisan ngonoh dewareg. Angger biyunge ora adang aja geger. Ora ngerti biyunge uput-uput mangkat ngode tandur meng Tambakan, "

Baca Juga: Fakta Unik Masjid Agung Nur Sulaiman Banyumas, Tempat Ibadah Bersejarah yang Diambil dari Gabungan Dua Nama

"Pa, nyong gelem ngemoani wedhus kari ayam tapi ana syarate. Inyong njaluk duite ya pak go tuku paketan, ngko nyong gelem, " jawabe Sirun. 

"Eram. Bocah koh selot suwe selot ora duwe drigama. Dhuwit baen dhuwit."

"Mulane dadi wong tua aja pelit, " saure Sirun segeleme wudele dhewek. 

Halaman:

Editor: Susanto

Tags

Artikel Terkait

Terkini

Berikut ini Bunyi Tepuk Puasa atau Tepuk Saum

Rabu, 22 Maret 2023 | 18:59 WIB

Ini Alasan Produksi Film Butuh Manajemen yang Rapi

Senin, 20 Maret 2023 | 12:36 WIB

DKKB Lantik Pengurus Pakumas Korcam Kembaran

Senin, 20 Maret 2023 | 08:23 WIB
X